Jumat, 16 April 2010

ojo sok gedhe rumangsa

RUBES LAN NGENES IKU
GINAWE DEWE
MULA AJA SOK NGGEDE
RUMANGSA
Utang
lan mutangake iku bisa uyuda
marang katentreman, yen
entuk utang lega atine
sanalika rumangsa ditulung
yen bisa ngutangi sanalika
bungah tetulung, nanging
batine golek untung mbuh apa
kang bakal dinunung.
Manungsa yen arep tentrem,
yen bisa aja utang lan
ngutangake, marga yen arep
ngutangake iku ing batin wis
duwe was-was, wis digagas-
gagas kongsi memet-njlimet,
wasana kedadiyane ditulungi
ora wurung dadi komet, iku
bisa ora slamet. Sang saya
suwe dadi padu, loro-lorone
pada nesu, malah-malah dadi
satru, iku anyudakake rahayu.
Yen wong kang utang iku ora
bisa netepi janji, iku banjur
kurang pangaji, marga
nyulayani janji, nuli kawistara
yen ora duwe pengaji. Mula
iku kudu tepa slira, rikala
semana kelara-lara, ana
manungsa utama kang paring
tetulung, nanging aja males
mbingung, malah-malah males
mentung, iku tindake wong
pengung akeh-akeh manungsa
kang sungsang-sungsang iku
aran tiyang iku senenge yen
mung oleh utang, ora ketang
dol wirang meksa nyandak
utang, ing batin yen liwat arep
timpang, iku ing tembe ora
kinasih ing tiyang, wusana
kesurang-surang.
Mula aja pada jejuluk tiyang
(saka) kang tansah luru
momotan, iku ing tembe
burine abote disangga dewe.
Elinga yen manungsa iku kang
den arani papak nanging ora
pada, iku pada nduweni wadah
raja kaya (kedonyan) dewe,
wis ana takere miturut gede
lan cilike pepancen, dene pada
diupaya niku mung reka daya
kepiye murih bisa ayen
tentrem. Mangertiya yen ora
dipangan uler, utawa penyakit,
dene yen dilemoni kanti
dirumat kang becik-becik, iku
ya isih jeneng lobor kang
subur. Mula itungan wong kuna
iku mbanjur ana paribasan
babat, bibit, bobot, bebet.
Babat-bibite, iku wis ora kena
diselaki, dene kasunyatane
wong dadi lurah iku jare sok
ketiban pulung, iku yen
digagapi ya isih babat-bibite
wong lurah (pemimpin).
Saiki yen digagas saupama,
kita iki dadi Kepala Kantor
kabeh, utawa dadi Presiden
kabeh, sapa kang bakal
diprentah ? lan sapa kang bakal
nandur utawa macul ? Saupama
dadi kuli utawa tani kabeh, iku
sapa kang arep dijaluki
paeguh ? Mula bocah-bocah
kabeh sinaua pegaweyan kang
warna-warna wiwit kasar
kongsi temekane alus. Sebab
saiki jaman maju nanging ora
kena yen mung ngarep-arep
saka pucuking potlot bae iku
bisa kapitunan gede. Mara
digalih yen rakyat pada didi
Kepala kantor kabeh, apa
peprintahan bisa lumaku ? Mula
iku ana babat lan bibit-bibite.
Dene yen bibit lobor iku kurang
trima nglunja-lunja supaya dadi
lubis, iku dadine ngiwa utawa
nyimpang saka patokan, ika
banjur nggege (kasusu)
mangsa, iku ing tembe mesti
gela (kecuwan).
Dene manungsa ana kang dadi
pangkat harkat drajat iku bisa
uga ana babat lan bibite,
turunan darahe (brayate) wong
adi, mula kasebute Rahaden,
mula kasebut Priya-priyayi Roh
kang Edi, iku kang natuk
supangate para Ratu kang
ngrungkebi tanah wutahe,
kang makmur apa kang
tinandur bisa tukul kanti subur.
Dek jaman pecahe perang
Kanjeng Pangeran Diponegara
iku ora beda karo jaman
pangungsen kang kita lakoni
para Tumenggung, Bupati lan
Pahlawan-pahlawan pada salin
aran saemper wong tani,
kongsi turun-tumurun, dadi
kepetengan obor persasat wil
ilang larine, nanging isih ana
harkate. Bareng sungsang
buwana balik timbul kayu jati
pada mati, wit jarak pada
meratak iku gambare saiki
akeh putra lurah dadi Bupati lan
kepala Compi, pada nyontoni
bakti lan Ibu Pertiwi, kesenian
asli Pribumi pada ditetangi,
ngasih-asih murih kinasih ing
embah buyut kita dek jaman
kuna ya turunan pembela
Kanjeng Pangeran Diponegara.
Mula iku ana babat bibit, woh
kang kebanjiran anyut keplaut,
saiki lagi bae arep pada tukul
wiji kang apik. Mula yen
kemeren marang kabegjan
liyan, iku bisa dadi
kasengsaran, mbanjur nyandak
utang, utawa ngutangake iku
marakake dadi rubes ngenes.
Dene yen pancen niyat
tetulung yen ngutangake aja
ditagih, mengko yen pancen
watak Priya-satriya, rak hiya
dijujugake yen wis ana.
PEPENGET : sing sapa wis oleh
petulunganing liyan, kudu
diwales kang kanti gawe
seneng, wis wajibe yen nyilih
kudu ngulihake kanti apik-apik
amrih ora gawe serik, supaya
ora gawe rubes lan ngenes,
iku saka tindake dewe kang
ginawe.
Sumber : Buku We Yoga Dhi
(ayo pada diudi, yen digugu
dadi Yoga kang Adhi).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar