Jumat, 16 April 2010

kidung tangise bumi

Bumine nangis, Eluhe lumpur
agawe giris
Bumine nesu watuk-watuk
ndadekake lindhu
Bumi wis tuwa jare kiyamat
wis arep teka
Iki pratandha bendune sing
Maha Kuwasa.
Bumine sambat gununge
gundhul alase dibabat
Bumi lara ati banjir bandhang
anggegirisi
Ujare wong pinter alas sing
subur minangka pager
Pagering bumi murih alam
tetep lestari.
Aduh Gusti kula nyuwun
pangapura
Kula niki sampun kathah dosa
Aduh Gusti Ingkang Maha
Kuasa
Nyuwun luwar saking godha
pangrencana.
Pra sedulur Tunggal Nusa
Tunggal Bangsa
Aja conkrah lan aja sulaya
Bareng urip golek dalan
padhang
Sujud sukur wonten ngarsane
Pangeran.
Kidung ati pangruwat Bangsa
sak Nagari
Mangga ndedonga dahuru
inggala sirna
Cancut gumregut bebarengan
mbangun Praja
Lestarekna alam murih bumine
ora murka.

1 komentar: